sms dari dhay

Aku punya cerita, my. Kamu udh tau blm y? Cekidot! :D

LUNGA MARING PURWAKERTA

Neng terminal tegal, ibu2 nganter anak lanange numpak bis jurusan Tegal-Purwokerto. Si ibu nitip maring kernete "mas, nitip anakku nek butul bumiayu gugahna yak."



Bise mangkat. Sepanjang jalan bocahe cerewet bin gujih takon terus maring kernete "pak, wis butul durung bumiayu?"

Sedela2 takon maning, takon terus nganti wong sebis pd ruwing kesuh kr bocahe, akhire domongi neng kernete "geh, pokoke ko turu bae, mengko nek neng bumiayu tek gugah."

Akhire bocahe manut, meneng trus turu.

Penumpang+Kenete ya melu turu, jebule bise bablas, wis butul ajibarang kernete tangi. Rumangsa salah karo bocahe, kernete duwe inisiatip takon karo penumpang "bapak2 ibu2 sedoyo, mau aku wis janji arep gugah bocah kiye nek wis butul bumiayu siki wis kelewat neng ajibarang, primen nek muter balik maning melasi mbok."

Para penumpang sing rumangsa salah tur melas ahire setuju. Bise muter maning, begitu tekan bumiayu digugah bocahe "dik, kiye wis neng bumiayu." Langsung bocahe tangi, jenggelek bukak tas kresek jukut bungkusan rames terus mangan mrewel bgt. Kernete takon "wis neng bumiayu kiye, deneng ora mudun?" Bocahe jawab "aku arep ming purwokerto koh pak, mau mamake aku pesen nek wis butul bumiayu aku nembe olih mangan ramese kiye mulane kon digugah...

---- 
Sent using a Sony Ericsson mobile phone

0 kata-kata: